Headlines News :
Home » , » Sya'ir Ngajak Baca Sholawat (b. jawa)

Sya'ir Ngajak Baca Sholawat (b. jawa)

Written By salam semangat on Saturday 15 March 2014 | 3/15/2014

SYA'IR KANGGE NGAJAK MOCHO SHOLAWAT

سيدنا ومولانا محمّد
#
اللّهم صلّ وسلّم على
دائمة بدوام ملك الله
#
عددما فى علم الله صلاة

Poro hadirin kaum muslimin muslimat
Poro muda mudi ansor lan fatayat
Sumonggo kito sami mocho sholawat
Dumateng Gusti Kanjeng Nabi Muhammad

Mocho sholawat iku hukume sunnat
Opo maneh naliko ing dino Jum'at
Kanjeng Nabi bakale pareng syafa'at
Pareng Syafa'at ono ing dino Kiamat

Ketimbang omong-omong sing tanpo guno
Opoto ora ijik luweh utomo
Mocho sholawat kanthi ngekehne dungo
Nyuwun dateng Allah kang Moho Kuoso

Lamun arepe dungo mocho sholawat
Olehe dungo kanthi khusyu' lan tho'at
Gusti Allah ugo nurunake rohmat
Rupo ganjaran ingkang berlipat-lipat

Generasi muda mudi mempengo ngaji
Ugho mocho sholawat ing kanjeng Nabi
Supoyo besok ono ing tembe mburi
Biso dadi manungso ingkang terpuji

Mulo ayo kabeh wae dho semangat
Ngekeh-ngekehne dungo salam lan rahmat
Dateng Kanjeng Nabi pemimpin umat
Supoyo bejo ono dunyo akhirat

Mugi-mugi Gusti Allah ngijabahi
Dateng penyuwun kito rino lan wengi
Ngamal maslahah ilmu kang manfa'ati
Ilmu sing keno kanggo sangune mati

Sangu mati iku dudu bondo dunyo
Dudu duwit mas perak rojo brono
Tapi amal sholeh ilmu kang berguno
Sangu sowan dateng Allah kang Kuwoso




kasusun dining:
Ibnu Tholhah Mansur
Share this article :

0 komentar:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !


free website hit counter
English French German Spain Italian Japanese Korean Arabic
SILAKAN DI TERJEMAHKAN DI SINI
 
INFO SS : Semua isi blog ini hanya boleh dipublikasikan untuk kebaikan bersama. Silakan download atau copas yang sahabat perlukan.
Blog Design by Amirul Mu'minin Published by SALAM SEMANGAT
"Andaikan tak ada cinta yang menggores kalbu, tak mungkin engkau mencucurkan air matamu. Meratapi puing-puing kenangan masa lalu berjaga mengenang pohon ban dan gunung yang kau rindu. Bagaimana kau dapat mengingkari cinta sedangkan saksi adil telah menyaksikannya? Berupa deraian air mata dan jatuh sakit amat sengsara". (burdah)