Headlines News :
Home » , » Sya'ir Kangge Rojabiyah (b. jawa)

Sya'ir Kangge Rojabiyah (b. jawa)

Written By salam semangat on Wednesday 12 March 2014 | 3/12/2014

SYA’IR KANGGE ROJABIYAH

سيدنا ومولانا محمّد
#
اللّهم صلّ وسلّم على
دائمة بدوام ملك الله
#
عددما فى علم الله صلاة
 
Poro bapak ibu hadirin  sedoyo
Ingkang sampun dumugi karoyo-royo
Sami serempak kanti saget ngupoyo
Meringati wulan Rojab ingkang mulyo

Wulan isro’ mi’roj ipun Kanjeng Nabi
Ingkang ditindakne wonten wedal bengi
Atas kersane Allah kang Moho Suci
Allah ngutus Jibril supoyo barengi

Isro’ iku kanjeng Nabi ditindakne
Ko Masjidil Harom awit berangkat
Dumugi Masjidil Aqsho pungkasane
Gusti Allah nuduhne kekuasaane

Sakteruse kanjeng nabi dimi’rojne
Ko Masjidil Aqsho papan panggonane
Munggah menyang langit sapitu tekane
Sidrotil Muntaha papan pungkasane

Kanjeng Nabi ono ing perjalanane
Diweruhi pirang-pirang perlambange
Pirang-pirang perkoro kang nggumunake
Kang bakal dilakoni poro umate

Peristiwo isro’ mi’roj sampun nyoto
Tumrap kito sedoyo kudu percoyo
Sebape ngakal kito ora tumeko
Lamun mikir lan mbayangne koyok opo

Hayawan buroq yoiku tumpakane
Kang koyo cumlerete kilat lakune
Nabi nerimo dawuh songko Pengerane
Sholat limang waktu wajib ditindakne

Mulo monggo bapak lan ibu muslimat
Poro sedulur Islam anshor fatayat
Sami berjama’ah nglampahi sholat
Mergi ganjarane pitu likor derajat




kasusun dining:
Ibnu Tholhah Mansur
Share this article :

0 komentar:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !


free website hit counter
English French German Spain Italian Japanese Korean Arabic
SILAKAN DI TERJEMAHKAN DI SINI
 
INFO SS : Semua isi blog ini hanya boleh dipublikasikan untuk kebaikan bersama. Silakan download atau copas yang sahabat perlukan.
Blog Design by Amirul Mu'minin Published by SALAM SEMANGAT
"Andaikan tak ada cinta yang menggores kalbu, tak mungkin engkau mencucurkan air matamu. Meratapi puing-puing kenangan masa lalu berjaga mengenang pohon ban dan gunung yang kau rindu. Bagaimana kau dapat mengingkari cinta sedangkan saksi adil telah menyaksikannya? Berupa deraian air mata dan jatuh sakit amat sengsara". (burdah)