Headlines News :
Home » , » Sya'ir Kangge Mauludan (b. Jawa)

Sya'ir Kangge Mauludan (b. Jawa)

Written By salam semangat on Sunday 9 March 2014 | 3/09/2014

SYA'IR KANGGE MAULUDAN

سيدنا ومولانا محمّد
#
اللّهم صلّ وسلّم على
دائمة بدوام ملك الله
#
عددما فى علم الله صلاة

Poro hadirin ingkang kulo hormat
Monggo kito samiho memperingati
Meniko wulan maulud ingkang suci
Wulan kelahiran Gusti Kanjeng Nabi

Tanggal kaping rolas isnen dinane
Ono Robi'ul Awal iku wulane
Ngadepne metu fajar shubuh wektune
Kanjeng Nabi Muhammad dilahirake

Asmo ramane iku Sayyid Abdullah
Asmo ibune iku Siti Aminah
Dilahirake ono ing tanah Mekkah
Nuli hijrahe ono tanah Medinah

Kanjeng Nabi Muhammad pemimpin umat
Nabi sing sanggup bade paring syafa'at
Ora pandang sugih ora pandang mlarat
Ono ing donyo lan ono ing akhirat

Jeng Nabi Muhammad Nabi akhir zaman
Utusane Allah marang poro insan
Supoyo nyampurnakne akhlaq lan iman
Nuduhake marang dalam kebeneran

Wes kasebut ing hadits-e kanjeng Nabi
Sopo wonge seng gelem nemen-nemeni
Ono ing dino lahire Kanjeng Nabi
Besuk dino kiamat den syafa'ati

Mulo poro dulur kito ojo lali
Poro ulama' iku warise nabi
Ugo hadits lan al Qur'an ingkang suci
Kito kabeh kudu sergep melajari

Cekap semanten atur sangkeng kawulo
Sedoyo kalepatan nyuwun ngapuro
Mugi Allah paring ilmu dateng kito
Ingkang maslahah barokah lan berguno




kasusun dining:
Ibnu Tholhah Mansur
Share this article :

0 komentar:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !


free website hit counter
English French German Spain Italian Japanese Korean Arabic
SILAKAN DI TERJEMAHKAN DI SINI
 
INFO SS : Semua isi blog ini hanya boleh dipublikasikan untuk kebaikan bersama. Silakan download atau copas yang sahabat perlukan.
Blog Design by Amirul Mu'minin Published by SALAM SEMANGAT
"Andaikan tak ada cinta yang menggores kalbu, tak mungkin engkau mencucurkan air matamu. Meratapi puing-puing kenangan masa lalu berjaga mengenang pohon ban dan gunung yang kau rindu. Bagaimana kau dapat mengingkari cinta sedangkan saksi adil telah menyaksikannya? Berupa deraian air mata dan jatuh sakit amat sengsara". (burdah)