Headlines News :
Home » , » Sya'ir Untuk Ngaji (B. Jawa)

Sya'ir Untuk Ngaji (B. Jawa)

Written By salam semangat on Saturday 8 March 2014 | 3/08/2014

SYA'IR KANGGE NGAJI


سيدنا ومولانا محمّد
#
اللّهم صلّ وسلّم على
دائمة بدوام ملك الله
#
عددما فى علم الله صلاة

Poro sedulurku Islam jaler estri
Ayo podo golek ilmu kang wigati
Ilmu agomo kanggo sangune mati
Sowan maring ngarsane Kang Moho Suci

Eleng-eleng kito kabeh kudu eleng
Kanjeng Nabi sampun pesen sampun meleng
Podo cekelono dadiho pepeleng
Dadi wong Islam wajib ngaji ojo mbeling

Wong kang akeh ngamal bagus ing donyane
Besuk bakale suwargo balesane
Papan panggonan kang sarwo ngepenake
Panganan kang enak-enak disuguhne

Soho widadari ingkang ayu-ayu
Podo mapak karo mesem guya guyu
Podo gandeng ngrangkul lan ngrayu-ngrayu
Marang poro bakap ibu kang mas mbak yu

Mature sampun dangu kulo ngentosi
Kerawuhan penjenengan dateng mriki
Kasur lan bantal sampun kulo cawisi
Yen ngajak turu bareng kulo turuti

Mendah banget senenge banget ayeme
Bejan wong kang akeh ngamal baguse
Widodari kang ayu dadi bojone
Yen ngeladeni sarwo penak lan nglegakne

Podo guyonan koyo penganten anyar
Isih sore wis ngajak mlebu kamar
Lawang ditutup banjur mateni dimar
Turu bareng tumeko metune banjar

Cekap semanten atur sangkeng kawulo
Menawi lepat kulo nyuwun ngapuro
Mugi Gusti Allah ingkang Moho Mulyo
Ngapuro dateng sedoyo doso kito



kasusun dining:
Ibnu Tholhah Mansur
Share this article :

0 komentar:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !


free website hit counter
English French German Spain Italian Japanese Korean Arabic
SILAKAN DI TERJEMAHKAN DI SINI
 
INFO SS : Semua isi blog ini hanya boleh dipublikasikan untuk kebaikan bersama. Silakan download atau copas yang sahabat perlukan.
Blog Design by Amirul Mu'minin Published by SALAM SEMANGAT
"Andaikan tak ada cinta yang menggores kalbu, tak mungkin engkau mencucurkan air matamu. Meratapi puing-puing kenangan masa lalu berjaga mengenang pohon ban dan gunung yang kau rindu. Bagaimana kau dapat mengingkari cinta sedangkan saksi adil telah menyaksikannya? Berupa deraian air mata dan jatuh sakit amat sengsara". (burdah)